Minggu, 08 Juli 2012

Panjenengan Tiyang Jawi ???

Yo Kudu Njawani to Broo !!!

Dadi wong jowo sing njawani.
Filosofi jowo kuwi adi luhung, Tur yo ora ketinggalan jaman. Wis to percoyo, wong jowo kuwi hebat lan mlebu golongan bangsa besar lo. Ciri-cirine bangsa besar kuwi nduweni sakmubarang kayata : bahasa, huruf, musik / gending, pakaian, unggah-ungguh, bentuk omah, kabudayan, kasusastra, lsp.



Saiki dicocoke karo kenyataan nang jowo coba : Basa Jowo kuwi luwih lengkap dibanding bahasa Indonesia. Basa Jowo ora basa sing miskin, ananging basa sing kaya kosakata lan makna. Huruf jowo kuwi yo :


Ha Na Ca Ra Ka
Da Ta Sa Wa La
Pa Dha Ja Ya Nya
Ma Ga Ba Tha Nga


Gending jowo yo nduwe dewe. Ono Pelok lan Slendro. Yen sing asli kuwi sing slendro, ditemukne jamana Raja Syailendra. Wah, yen aku krungu gending slendro, kelingan musik klasik, iso hanyut tur yo mbentuk sikap lan perilaku. Opo maneh yen ngerti artine jeneng-jeneng gending, wah jan suguh makna lah, misale :

- Asmorondono (lagi jatuh cinta)
- Mas Kumambang (seneng tur mulyo)
- Megatruh (patah hati atau sedih ditinggal mati)
- Durmo (perang tanding utowo pas nesu)
- Pucung (gawe lucu-lucu), lsp...

Pakaian jowo yo endah banget, omah jowo bentuke khas kabudayan koyo tari-tarian, wah eram banget lah. Filsafat Jowo, okeh. Mikul Duwur Mendem jero, sing biso rumongso ojo rumongso biso, golekono kuntul mabur, golekono galihe kangkung, golekono rosing bumbung wongwang, lsp..

Lha selain awake dewe sebagai wong Jowo sing kudu bangga karo bangsane dewe yo kudu koyo wong Jowo kang manuti aturan-aturan Jowo, koyoto iso memaknai paribasan Jawa kang sarat makna : Rukun agawe santoso, crah agawe bubrah, maksude adewe ki kudu urip rukun supoyo santoso utowo makmur, nanging ojo padudon supoyo ora bubrah.

Bangsa Jowo iku bangsa kang gede kang wani marang opo bae, kaya sing dipituduhake ing paribasan : Rawe rawe rantas malang malang putung, sing nduweni karep wong Jowo iku bisa mrantas opo wae sing ngaling-ngalingi dalane.

Karya : Inem
Mahardika SMASA Edisi 55
(Majalah Harapan Remaja Dinamis Kreatif dan Aktif)

4 komentar:

  1. weleh2 ono blogger sing bahas basa jawa. hebat bener. tapi aku ora ngerti kayak ginian. (basa jawane wes expert tenan)

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hhahaa, cuma ngutip dari majalah sekolah kok dek :D
      hehe

      Hapus
  2. Monggo dipun lajengaken asalipun ngeBlog Den.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Waduh, ini dia yang lebih profesional ..
      Artinya apaan yaa kang? hehe

      Hapus